MATERI BAHASAJAWA KELAS 9: 1. TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI
TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI
1.
TEGESE TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI
Observasi
yaiku sawijine
kegiyatan kang katindakake kanthi sistematis
kanggo golek katrangan ngenani sawijine
barang utawa prastawa kanthi migunakake indra paningal (penglihatan).
Teks palapuran
asil observasi
awujud wedharan ngenani sawijine barang utawa prastawa kang
arupa pandelengan (pengamatan). Teks jinis iki uga disebut
teks klarifikasi amarga ngemot klasifikasi ngenani jinis-jinis samubarang adhedhasar titikane. Teks iki bisa nggambarake sawijine wujud/ bentuk, titikan, utawa kahanane
kanthi umum kayata
barang, kewan, tetuwuhan, manungsa, utawa prastawa kang kedaden ing jagad iki.
2. STRUKTUR/ TATA RAKITE TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI
a.
Dhefinisi
umum/ idhentifikasi yaiku peranan utawa bagean sing nerangake titikan
(ciri-ciri) barang, tandha, lan sapanunggalane.
b.
Dheskripsi
bagean/ Klasifikasi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa
klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.
c.
Dheskripsi
manfaat/ kagunan yaiku yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa
dudutan saka asile observasi.
3.
UNSUR BASA ING TEKS PALAPURAN ASIL
OBSERVASI
a. Jinise
Ukara Adhedhasar Wasesane
1) Ukara
Tanduk
Yaiku
ukara sing wasesane awujud tembung kriya tanduk utawa entuk ater-ater anuswara
(m-, n-, ng-, ny-) lan jejere nindakake pakarya.
Tuladhane:
a)
Adhik
nyapu latar.
b)
Aku
ngombe es degan.
2) Ukara
Tanggap
Yaiku
ukara sing wasesane awujud tembung kriya tanggap utawa entuk ater-ater
tripurusa (dak-, kok-, di-) lan jejere dikenani pakaryan.
Tuladha:
a)
Latar
disapu adhik.
b)
Es
degan dakombe.
b. Jinise
Ukara Adhedhasar Isine
1) Ukara
Andharan
Yaiku
ukara sing isine nyritakake sawijining bab uatawa kadadean.
Tuladha:
a)
Bapak
tindak kantor.
b)
Mau
bengi ana kobongan ing sawah tebu.
2) Ukara
Pitakon
Yaiku
ukara sing isine nakokake sawijine bab tartamtu.
Tuladha:
a)
Sinten
asmane Pak Lurah ingkang nembe dados?
b)
Kepriye
carane nggawe prau saka dluwang?
3) Ukara
Pakon
Yaiku
ukara sing isine mrentah wong liya kanggo nindakake pakaryan tartamtu.
Tuladha:
a)
Bud,
tolong gawakne buku iki!
b)
Garapen
dhewe aja contohan karo kancamu!
4) Ukara
Panguwuh
Yaiku
ukara sing nggambarake rasa pangrasa, kayata seneng, emosi, wedi, nggumun, lsp.
Tuladha:
a)
Hore…aku
oleh biji 100!
b)
Wadhuh..aku
ora bisa melu dolan sore iki!
5) Ukara
Sambawa
Yaiku
ukara sing isine awujud pangarep-arep, saumpama, lan sanajan.
Tuladha:
a)
Panasa
ya ben gabahku garing.
b)
Nggawaa
payun aku mau rak ora kunadan.
c)
Nangisa
kaya apa, kucinge rabakal urip maneh.
6) Ukara
Pamenging
Yaiku
ukara sing isine menging utawa ora ngolehi nindakake samubarang.
Tuladha:
a)
Kowe
ora kena dolan yen durung sinau!
b)
Aja
rame-rame ana simbah sare!
c. Unggah-Ungguh
Basa
4.
CARANE NULIS TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI
a. Perangan kapisan sing kudu ditemtokake yaiku judhul teks palapuran asil observasi.
b.
Perangan kapindho
nulis pambukane, medharake kang dadi lelandhesaning observasi.
c.
Perangan katelu
arupa pratelan asiling observasi.Ing perangan iki ditulis
panemu-panemu lan bukti-bukti asil observasi
kanthi cetha lan gamblang.
d.
Perangan kapapat
arupa panutup, awujud
dudutan lan panyaruwe tumrap palapuran asil observasi
kang wis katulis.
Sampun bu
BalasHapusSampun bu
BalasHapusSampon bu
BalasHapus