MATERI BAHASAJAWA KELAS 9: 1. TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI

TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI

 

1.    TEGESE TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI

Observasi yaiku sawijine kegiyatan kang katindakake kanthi sistematis kanggo golek katrangan ngenani sawijine barang utawa prastawa kanthi migunakake indra paningal (penglihatan).

Teks palapuran asil observasi awujud wedharan ngenani sawijine barang utawa prastawa kang arupa pandelengan (pengamatan). Teks jinis iki uga disebut teks klarifikasi amarga ngemot klasifikasi ngenani jinis-jinis samubarang adhedhasar titikane. Teks iki bisa nggambarake sawijine wujud/ bentuk, titikan, utawa kahanane kanthi umum kayata barang, kewan, tetuwuhan, manungsa, utawa prastawa kang kedaden ing jagad iki.

 

2.    STRUKTUR/ TATA RAKITE TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI

a.    Dhefinisi umum/ idhentifikasi yaiku peranan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri) barang, tandha, lan sapanunggalane.

b.    Dheskripsi bagean/ Klasifikasi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.

c.    Dheskripsi manfaat/ kagunan yaiku yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi.

 

3.    UNSUR BASA ING TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI

a.      Jinise Ukara Adhedhasar Wasesane

1)     Ukara Tanduk

Yaiku ukara sing wasesane awujud tembung kriya tanduk utawa entuk ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-) lan jejere nindakake pakarya.

Tuladhane:

a)     Adhik nyapu latar.

b)     Aku ngombe es degan.

2)     Ukara Tanggap

Yaiku ukara sing wasesane awujud tembung kriya tanggap utawa entuk ater-ater tripurusa (dak-, kok-, di-) lan jejere dikenani pakaryan.

Tuladha:

a)     Latar disapu adhik.

b)     Es degan dakombe.

 

b.     Jinise Ukara Adhedhasar Isine

1)     Ukara Andharan

Yaiku ukara sing isine nyritakake sawijining bab uatawa kadadean.

Tuladha:

a)     Bapak tindak kantor.

b)     Mau bengi ana kobongan ing sawah tebu.

2)     Ukara Pitakon

Yaiku ukara sing isine nakokake sawijine bab tartamtu.

Tuladha:

a)     Sinten asmane Pak Lurah ingkang nembe dados?

b)     Kepriye carane nggawe prau saka dluwang?

3)     Ukara Pakon

Yaiku ukara sing isine mrentah wong liya kanggo nindakake pakaryan tartamtu.

Tuladha:

a)     Bud, tolong gawakne buku iki!

b)     Garapen dhewe aja contohan karo kancamu!

4)     Ukara Panguwuh

Yaiku ukara sing nggambarake rasa pangrasa, kayata seneng, emosi, wedi, nggumun, lsp. Tuladha:

a)     Hore…aku oleh biji 100!

b)     Wadhuh..aku ora bisa melu dolan sore iki!

5)     Ukara Sambawa

Yaiku ukara sing isine awujud pangarep-arep, saumpama, lan sanajan.

Tuladha:

a)     Panasa ya ben gabahku garing.

b)     Nggawaa payun aku mau rak ora kunadan.

c)     Nangisa kaya apa, kucinge rabakal urip maneh.

6)     Ukara Pamenging

Yaiku ukara sing isine menging utawa ora ngolehi nindakake samubarang.

Tuladha:

a)     Kowe ora kena dolan yen durung sinau!

b)     Aja rame-rame ana simbah sare!

 

c.      Unggah-Ungguh Basa

 

4.    CARANE NULIS TEKS PALAPURAN ASIL OBSERVASI

a.      Perangan kapisan sing kudu ditemtokake yaiku judhul teks palapuran asil observasi.

b.     Perangan kapindho nulis pambukane, medharake kang dadi lelandhesaning observasi.

c.      Perangan katelu arupa pratelan asiling observasi.Ing perangan iki ditulis panemu-panemu lan bukti-bukti asil observasi kanthi cetha lan gamblang.

d.     Perangan kapapat arupa panutup, awujud dudutan lan panyaruwe tumrap palapuran asil observasi kang wis katulis.


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG

MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)

MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI