MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG

 CRITA WAYANG

Teks crita wayang kalebu teks narasi. Titikane teks narasi, kaya ing ngisor iki:

a.     Wujude wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara.

b.     Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe.

c.      Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur.

 

STRUKTUR TES CRITA WAYANG

1.     Orientasi/tetepungan yaiku nepungake/ngenalake paraga, papan panggonan, lan wektu kang bakal diandharake ing sajrone crita wayang.

2.     Komplikasi/reruwet yaiku perangan teks crita wayang kang nuduhake tuwuhe reruwet/ konflik.

3.     Resolusi/udharan yaiku perangan ing teks crita wayang kang mujudake cara kang ditindakake dening paraga kanggo ngudhari reruwet kang diwedharake ing perangan sadurunge.

4.     Wasana crita mujudake pungkasane/panutupe crita wayang.

 

UNSUR INTRINSIK TEKS CRITA WAYANG

Crita wayang iku kawangun saka unsur-unsur intrinsik, yaiku unsur kang mangun crita saka jerone crita iku dhewe. Unsur intrinsik crita wayang bisa kadulu ing ngisor iki.

a.     Tema

Tema uga bisa diarani pokoke crita, yaiku lelandhesan utawa dhasare crita. Tema dadi undheraning crita kang minangka bakuning gagasan.

b.     Paraga

Paraga mujudake pawongan kang dicritakake ing sajrone crita wayang.

c.     Pamaragan/Penokohan

Pamaragan nuduhake sipat/watak saka paraga kang dicritakake ing crita wayang. Cara kang digunakake pangripta kanggo nggambarake watake paraga, kayata (1) katrangan

langsung saka pangripta ing sajrone crita, (2) lumantar caturan antarparaga, (3) adhedhasar kelakuan, tindak-tanduk, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga, (4) adhedhasar pikiran, perasaan, lan pepinginan para paragane, lan (5) kanthi gegambaran fisik sing disandhang dening paraga. Jinise paraga adhedhasar watake kaperang dadi papat, kaya ing ngisor iki.

1)     Paraga protagonis

Paraga protagonist yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak apik utawa becik.

2)     Paraga antagonis

Paraga antagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak ala utawa durjana.

3)     Paraga tritagonis

Paraga tritagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak panengah, ora mbela paraga protagonis utawa antagonis.

4)     Paraga figuran (pambiyantu)

Paraga figuran yaiku paraga kang sipate pambiyantu utawa kanthi ora langsung ana gandheng cenenge karo konflik ing sajrone crita wayang.

d.     Latar/Setting

Latar yaiku unsur intrinsik kang gegayutan karo papan panggonan, wektu, lan swasana ing sajrone crita wayang. Papan panggonan nerangake ing ngendi wae kedadean- kedadean ing crita kedaden. Wektu nerangake kapan kedadean-kedadean ing crita kasebut dumadine. Ewadene swasana nerangake kaanan kang ana ing sajrone crita wayang kang dianggit dening pangripta.

e.     Alur/Plot

Alur uga bisa diarani dalane crita. Unsur iki mujudake reroncening kedadean kang ana ing sajrone crita. Adhedhasar urutane wektu, alur kaperang dadi telu, yaiku (1) alur maju, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean kang wis kepungkur maju ing kedadean saiki, (2) alur mundur, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kepungkur, lan (3) alur campuran, yaiku alur kang urutane crita gabungan antarane alur maju lan alur mundur.

f.       Sudut Pandang/Point of View

Sudut pandang nuduhake carane pangripta nyritakake crita utawa kepriye kalungguhane pangripta ing sajrone crita wayang sing diandharake. Sudut pandang kaperang dadi loro, yaiku sudut pandang wong kapisan (utama purusa) lan wong katelu (pratama purusa). Sudut pandang wong kapisan mujudake jejering pangripta minangka paraga utama ing crita wayang, lumrahe nganggo tembung "aku". Ewadene sudut pandang wong katelu mujudake kalungguhane pangripta minangka wong katelu, tegese pangripta nggunakake tembung sesulih wong katelu, kayata dheweke utawa langsung nyebutake jenenge paraga.

g.     Pepeling/Amanat

Pepeling mujudake pesen kang diandharake pangripta marang pamaos saka crita wayang kang diandharake. Amanat iki awujud ajaran moral utawa pendhidhikan.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)

MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI