MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI

 

TEMBANG KREASI

 

1.   TEGESE

Tembang kreasi nuduhake salah sawijine karya sastra kang awujud geguritan. Ing kasusastran Jawa tradhisional, tembang iku mung kaperang dadi tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Nanging ing pangrembakane jaman, tembang tradhisional kasebut dikreasi tanpa paugeran-paugeran kayadene ing tembang tradhisional. Wujude tebang kreasi ana loro, yaiku tembag campur sari lan tembang dolanan.

 

2.   TATA WANGUNE TEMBANG KREASI

a.         Titi Laras

Titi laras yen ana ing istilah seni musik saemper karo tangga nada. Asale saka tembung titi kang ateges angka, tulis, notasi, utawa lambang lan laras tegese susunan nada. Dadi titi laras iku notasi tulis, huruf, angka utawa lambang kang nuduhake laras tartamtu.

Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro, yaiku:

1)     Laras slendro

‟Slendro‟ iku salah sijine laras ing gamelan. Saliyane slendro, ana uga pelog. Ana 5 swara, dumadi saka swara   1   2    3    5    6 (diwaca : ji ro  lu  ma  nem).  Laras  slendro ora ana swara 4 (papat) karo 7   (pitu).

2)     Laras pelog

Beda karo laras slendro kang mung dumadi saka 5 swara, laras pelog nduweni  7 swara. Dumadi saka   1   2  3   4  5   6    7 ( diwaca ji ro lu pat ma nem pi).

 

b.         Cakepan yaiku naskah, teks, utawa syaire tembang kreasi. Cakepan tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur dilagokake.

 

Saliyane titi laras lan cakepan, struktur teks tembang kreasi kang awujud langgam (campursari) ora bisa dipisahake karo struktur lagu populer liyane. Ing kono tinemu bagean-bagean, kaya ta intro, verse (pada), chorus (reffain), lan ending. Perangan-perangan iki ora kudu ana ing tembang dolanan.

Intro, yaiku laras wiwitan kang murwakani sawijining tembang. Perangan iki nduweni fungsi kanggo menehi kalodhangan wiraswara (penyanyi) kanggo nyiapake dhiri sadurunge tembang dilagokake. Intro biasane awujud instrumen musik tanpa cakepan.

Verse yaiku perangan pada pambuka. Ana kalane uga diarani pada basa- basi amarga ora nduweni isi kang wigati. Nanging perangan iki penting, jalaran kanggo mlebu marang isine tembang. Tembang sing apik nduweni perangan verse sing kuwat tumrap melodi lan harmoni, ora kalah karo perangan reffain.

Chorus (reffain) iku perangan kang dadi intine tembang. Ing perangan iki pangripta medharake pesan moral tumrap pamiarsane, mula perangan iki biasane dibolan-baleni. Perangan chorus iki minangka roh utawa klimaks- sawijine tembang kreasi.

Ending, utawa diarani pada panutup iki perangan cakepan tembang kang kanggo mungkasi sawijine tembang supaya krasa nges, ora mandheg ndadak. Wujude bisa perangan reffrain kang dibolan-baleni, bisa uga pungkasaning lagu kang dibolan-baleni, utawa instrumen khusus kang sengaja digawe kanggo mungkasi lagu.

 

3.   UNSUR KABASAN TEMBANG KREASI

a.         Tembung Saroja

Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan. Tuladhane tembung saroja kayata: gagah prakosa, guyup rukun, adi luhung, arum wangi, edi peni lan sapanunggalane.

b.         Tembung Entar

Tembung entar tegese tembung kang ora kena ditegesi sawantahe wae (kiasan). Tembung entar kedaden saka rong tembung utawa luwih kang kagandheng dadi siji lan duwe teges beda karo tembung asale. Tuladhane kayata: jembar segarane ateges sabar/gampang menehi pangapura, lunyu ilate ateges gunemane mencla-mencle, lurus lakune ateges jujur lan sapanunggalane.

c.         Dasanama

Dasa tegese sepuluh, dene nama tegese jeneng. Dadi dasanama bisa ditegesi jeneng liya kang akehe ana sepuluh. Dasanama uga bisa ditegesi tembung kang duweni teges kang padha (sinonim). Tuladhane bisa kadulu ing ngisor iki:

1)     Misuwur dasanamane kawentar, kaloka, kasusra, kondhang, kongas, komuk, kombul, kajuwara, kajanapriya, lan kaonang-onang.

2)     Gunung dasanamane arga, aldaka, ancala, ardi, giri, meru, parwata, prabata, lan wukir.

3)     Lintang dasanamane kartika, sasa, sudama, taranggana, lan wintang.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG

MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)