MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)
PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA
Yaiku ngomong ing ngarepe wong akeh
kanthi ancas lan tujuwan tartamtu.
A. Tata
rakite (Struktur teks) Panatacara lan pamedhar Sabda
1. Salam pambuka, yaiku salam pakurmatan
marang para tamu/rawuh utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan
marang para rawuh lan sapa aruh tumrap para rawuh. Lumrahe kawiwitan kanthi
tembung Assalamu'alaikum wr.wb., nuwun, kula nuwun, sugeng
siyang, sugeng dalu,
utawa salam liyane.
2. Purwaka, yaiku atur pamuji
syukur marang Gusti
Allah, sarta atur panuwun marang para tamu sing kepareng
rawuh. Saliyane iku uga bisa diwuwuhi, shalawat
lan salam konjuk marang Nabi Muhammad
SAW, mligine yen agamane
Islam.
3. Isi/wigatining atur/ancasing gati, yaiku
apa kang dadi ancas/tujuwan adicara kang diadani dening panatacara utawa
pamedhar sabda. Ing kene yen wujude teks panatacara bisa wujud rantamaning adicara kang ana ing sajrone
adicara tartamtu.
4. Panutup, yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
5. Salam panutup, biyasane nggunakake
tembung Wassalamu'alaikum wr.wb., matur
nuwun, sugeng sonten, sugeng dalu, lan sapanunggalane.
B. Syarat-syarate
Panatacara lan Pamedhar Sabda
Syarat-syarate panatacara lan pamedhar sabda
sing becik saora-orane kudu ngerteni bab-bab kaya kang bakal diandharake ing ngisor iki.
1.
Olah Swara
Saben-saben manungsa
nduweni swara swara sing beda-beda, ana sing swarane cilik, ana sing swarane
gedhe utawa anteb,
ana sing swarane
dhuwur, lan ana sing
swarane sedhengan. Pangolahe swara kudu cetha,
wajar, teges, lan ora kena digawe-
gawe. Gladhen olah swara nyakup
perkara-perkara kaya ing ngisor iki.
1)
Logat
utawa dhialek
Panatacara lan pamedhar sabda
sabisa-bisane ngindhari panganggone dhialek utawa logat sawijine panggonan
tartamtu. Iki dikranakake adicara kang dipandhegani kalebu wujude acara formal/resmi. Dhialek bisa dinggo ing swasana mardika kanggo selingan wae.
2)
Pocapan
Panatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngucapake sawijine
tembung kanthi cetha lan gamblang
supaya tegese bisa dingerteni kanthi cetha uga. Yen panatacara lan pamedhar sabda kliru anggone ngucapake tembung
iku bisa ngasorake kawibawane.
3)
Prana
utawa napas
Ambegan/napase panatacara lan pamedhar sabda kudu digladhen kanthi becik supaya
bisa medhot tembung, frase, lan ukara pas trep
karo makna kang kinandhut.
4)
Membat
mentuling swara
Membat mentuling
swara nuduhake cara kang prelu ditindakake panatacara lan pamedhar sabda supaya
anggone ngomong ana variasine, ora monoton.
5)
Kajiwa/empati
Panatacara kudu bisa
njumbuhake swasana karo adicara kang dipandhegani, bisaa nuwuhake rasa bungah
tumrap para rawuh ing sawijine
adicara tartamtu.
2. Olah Busana lan Raga
Panatacara lan pamedhar sabda
kudu nglungguhi jejer
bleger wewujudan, pribadhi, dalasan iman supingi tuwin solah
bawa greget saut tandang grayang kang sarwa susila lan prasaja. Mula panatacara
lan pamedhar sabda kudu nindakake gladhen kang
diarani saptama, kaya ing ngisor
iki.
1)
Magatra : bleger wewujudan, rupa, adi ing sarira, edi ing busana,
trep, pantes, jangkep.
2)
Malaksana :
tindake sapecak sajangkah tumata kanthi runtut, luwes mrabawa, manteb, ora ingah-ingih, ora wigah-wigih.
3)
Mawastha : ngadeg jejer,
ora kendho, ora dhoyong.
4)
Maraga : ora grogi, ora gemeter, anteb anteng,
obahing sarira, sirah, gulu, asta lumrah samadya
bisa nambahi cetha apa kang diucapake.
5)
Malaghawa :
trampil kepara trengginas, ora ngleler, cag-ceg, lancar, gancar, sembada ing karya.
6)
Matanggap: tanggap ing sakabehe swasana,
bisa gawe regenging swasana, lan gawe senenge
wong sing rawuh ing sawijine
adicara tartamtu.
7)
Mawwat : anteb, manteb,
ngentasi purwa madya wasananing karya.
3. Olah Basa lan Olah Sastra
Panatacara lan pamedhar sabda kudu
mumpuni ing babagan olah basa lan olah sastra. Kanthi mangkono bisa nggunakake basa sing trep karo paramasastrane, kudu ngerti undha usuke
basa. Saliyane iku uga kudu nduweni kawruh
kang mumpuni ing babagan
sastra supaya tetembungan lan
ukara sing diucapake nduweni rasa kaendahan.
C. Basa
Kang digunakake sajrone teks panatacara lan pamedhar sabda
Basa kuwi mujudake srana saha wasana panggraita (cipta, rasa, karsa) sarta srana kanggo lung tinampen (tumanduk tumanggap) panggraita kasebut. Basa uga nduweni fungsi minangka kalungguhan pribadhi (fungsi individual) lan kalungguhan bebrayan (fungsi sosial/ komunikatif). Basa sing becik kuwi yaiku basa kang trep panganggone. Basa kang becik kudu ngugemi trap-trapan, kayata (1) sapa sing guneman, (2) sapa sing dijak guneman, (3) apa sing digunemake, lan (4) kepriye swasanane.
D.
Tata cara kang kudu ditindakake kanggo nulis teks panatacara lan pamedhar
sabda bisa kadulu ing ngisor iki.
1.
Nemtokake ancasing
teks panatacara lan pamedhar sabda
2. Nganalisis kahanan lan para pamireng
3.
Milih topik
4.
Ngumpulake bahan
5.
Nggawe cengkorongan
6.
Ngandharake cengkorongan kanthi jangkep
7.
Gladhen dadi panatacara lan pamedhar sabda adhedhasar cengkorongan kang wis digawe
Komentar
Posting Komentar