MATERI BHS. JAWA KLS 8: 3. WAWANSABDA/ WAWANCARA
WAWANSABDA/ WAWANCARA
1.
Tegese
Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane
pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku
pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere
pitakonan. Narasumber kudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake.
Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi,
katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Tuladha, wartawan
kang lagi golek warta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten, lan
sapanunggalane.
Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake
pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.
2.
Tata
Rakite Wawansabda
3.
Jinis-jinise
Wawansabda
a.
Wawancara Kapimpin
Yaiku
wawancara sing daftar pitakonane disusun luwih dhisik.
b.
Wawancara Bebas
Yaiku
wawancara sing daftar pitakone ora disusun luwih dhisik.
c.
Wawancara Tinarbuka
Yaiku
wawancara sing wangsulane ora winates.
d.
Wawancara Katutup
Yaiku
wawancara sing wangsulane winates.
e.
Wawancara Individu
Yaiku
wawancara sing ditindakake dening sawijining pewawancara lan siji nara sumber.
f.
Wawancara Kelompok
Yaiku
wawancara sing ditindakake dening saperangan wong ing wektu bebarengan.
4.
Unsur
Basa Wawansabda
Ing sajrone nindakake wawansabda kudu netepi
unggah-ungguhing basa Jawa kang trep.
Iki digayutake karo sapa anggone
nindakake wawansabda lan sapa kang diajak wawansabda. Ing ngisor iki bakal kaandharake ngenani undha-usuking basa Jawa.
a.
Basa Ngoko
Basa
ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
1)
Basa
Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu mujudake basa kang ora kecampuran
tembung-tembung krama inggil, isih wutuh nggunakake
tembung-tembung ngoko kabeh. Panganggone katujokake marang wong sapadha-padha, dhuwuran marang adhahan, lan wong tuwa marang wong enom. Tuladhane:
a)
Reni dikongkon ibu tuku uyah.
b) Kowe wis mangan durung?
2) Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus yaiku basa kang wis kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing dijak guneman. Tembung kang dikramakake yaiku:
- Tembung kriya wong kang diajeni
- Tembung sesulih purusa wong kang diajeni
- Tembung pandarbe wong kang diajeni
- Panganggone katujokake kanggo
- Sedulur enom marang sedulur tuwa
- Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom kang drajade luwih dhuwur
- Ibu marang bapak
- Kanca kang lagi kenal utawa durung raket Tuladhane:
a)
Reni diutus ibu
tuku uyah.
b)
Panjenengan wis dhahar durung?
b.
Basa Krama
Basa
krama kaperang dadi loro, yaiku krama lugu lan krama alus.
1) Krama
Lugu
Krama lugu mujudake basa krama kang tembung-tembunge lugu
lan ora kena kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing dijak
guneman.Panganggone katujokake kanggo
wong sadrajad sing durung raket.
Ing basa krama lugu ater-ater
lan panambang uga dikramakake, kayata
"di-" dadi
"dipun-", "-ake" dadi "-aken", lan sapanunggalane. Tuladhane:"
a)
Reni
dipunkengken ibu tumbas sarem.
b) Sampeyan sampun nedha dereng?
2) Krama Alus
Krama alus yaiku basa kang tembung-tembunge alus tumrap wong sing dijak guneman. Panganggone ditujokake kanggo anak marang wong tuwa, murid marang guru, lan sapiturute. Tuladhane:
a)
Reni
dipunutus ibu tumbas sarem.
b) Panjenengan sampun dhahar dereng?
5. Pedoman lan Teknik Wawansabda
Sadurunge nindakake wawansabda prayogane para siswa nggatekake pedoman lan
teknik kaya sing diadharake ing ngisor iki.
a. Gawea rancangan
kanthi becik
sadurunge
nindakake wawansabda marang narasumber.
b. Temtokna ancas
saka anane wawansabda sing bakal ditindakake.
c. Adhedhasar ancas/tujuwan, temtokna narasumber kang mumpuni ing babagan kang dadi temane wawansabda. Iku kanggo
nggolek informasi utawa katrangan-katrangan sing gumathok
karo tujuwane wawansabda mau.
d. Gawea daftar pitakonan jumbuh karo tema
kang wis koktemtokake. Prayogane sadurunge nindakake wawansabda rembugna karo gurumu dhisik ngenani
pitakonan- pitakonan
sing bakal koktakokake marang narasumber kasebut. Aja nggunakake ukara-
ukara kang ora cetha/gamblang supaya narasumber bisa mangsuli kanthi
trep lan becik.
e. Sabanjure nggawea pasarujukan ngenani
wektu lan panggonan kanggo wawansabda
karo narasumber.
f. Nalika nindakake wawansabda luwih becik diwiwiti nganggo uluk salam lan tetepungan.
g. Guneman
dibukak nganggo pitakonan bab kabar utawa
bab kang umum (pambuka).
h. Menehi
pitakonan kanthi sopan,
pitakonane ora mirangake narasumbere.
i. Njaluka
idin kanggo moto utawa ngrekam
wawansabda sing ditindakake kasebut.
j. Nutup
wawansabda kanthi tetembungan matur nuwun marang
narasumbere.
k. Pungkasana wawansabda kanthi uluk salam.
6. Carane
Nggawe Palapuran Asile Wawansabda
Sabubare nindakake wawansabda, para siswa kajibah nulis
asile wawansabda awujud palapuran. Apa kang diandharake narasumber ditulis ing
palapuran kang sabanjure dipresentasekake ing ngarep
kelas. Wondene carane
nulis palapuran asil wawansabda
kaya ing ngisor iki.
a. Perangan ngarep isine tema, wektu, panggonan, lan asmane narasumber kang diwawansabdani.
b. Perangan kapindho isine asile wawansabda kang awujud pitakonan lan wangsulane. Sabanjure diowahi ing wujud ukara andharan.
c. Perangan katelu arupa dudutan lan panyaruwe saka asile wawansabda.
d. Tuladhane cengkorongan palapuran asile wawansabda
1) Irah-irahan/Judhul
2) Atur pangiring
3) Daftar Isi
4) Bab I Bebuka
a) Landhesaning Wawansabda
b) Maksud lan Tujuwan Wawansabda
c) Metode lan Teknik Panulisan
5) Bab II Pratelan Asiling Wawansabda
a) Tema Wawansabda
b) Wektu lan Papan Wawansabda
c) Laporan Asile Wawansabda
6) Bab III Panutup
a) Dudutan
b) Panyaruwe
Komentar
Posting Komentar