MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG
CRITA WAYANG
Teks crita wayang kalebu teks
narasi. Titikane teks narasi, kaya ing ngisor iki:
a.
Wujude
wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa
mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara.
b.
Tujuan
panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk
pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe.
c.
Fungsi
wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai
budi pekerti luhur.
STRUKTUR
TES CRITA WAYANG
1. Orientasi/tetepungan yaiku
nepungake/ngenalake paraga, papan
panggonan, lan wektu kang bakal diandharake ing sajrone crita wayang.
2. Komplikasi/reruwet yaiku perangan teks
crita wayang kang nuduhake tuwuhe reruwet/ konflik.
3. Resolusi/udharan yaiku perangan ing teks
crita wayang kang mujudake cara kang ditindakake dening paraga kanggo ngudhari
reruwet kang diwedharake ing perangan sadurunge.
4. Wasana crita mujudake pungkasane/panutupe crita wayang.
UNSUR INTRINSIK TEKS CRITA WAYANG
Crita wayang iku kawangun saka
unsur-unsur intrinsik, yaiku unsur kang mangun crita saka jerone crita iku
dhewe. Unsur intrinsik crita wayang bisa kadulu ing ngisor iki.
a. Tema
Tema uga bisa diarani pokoke crita,
yaiku lelandhesan utawa dhasare crita. Tema dadi undheraning crita kang
minangka bakuning gagasan.
b. Paraga
Paraga mujudake pawongan kang
dicritakake ing sajrone crita wayang.
c.
Pamaragan/Penokohan
Pamaragan nuduhake sipat/watak saka
paraga kang dicritakake ing crita wayang. Cara kang digunakake pangripta kanggo
nggambarake watake paraga, kayata (1) katrangan
langsung saka pangripta ing sajrone crita, (2) lumantar caturan antarparaga, (3) adhedhasar kelakuan, tindak-tanduk, lan
kedadean-kedadean sing dialami paraga, (4) adhedhasar pikiran, perasaan, lan
pepinginan para paragane, lan (5) kanthi gegambaran fisik sing disandhang dening
paraga. Jinise paraga
adhedhasar watake kaperang
dadi papat, kaya
ing ngisor iki.
1) Paraga protagonis
Paraga protagonist
yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak apik utawa becik.
2) Paraga antagonis
Paraga antagonis
yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak ala utawa durjana.
3) Paraga tritagonis
Paraga tritagonis yaiku paraga
kang dicritakake nduweni watak panengah, ora mbela paraga protagonis utawa antagonis.
4) Paraga figuran (pambiyantu)
Paraga figuran
yaiku paraga kang sipate pambiyantu utawa kanthi ora langsung ana gandheng cenenge karo konflik
ing sajrone crita
wayang.
d.
Latar/Setting
Latar yaiku unsur intrinsik kang gegayutan karo papan panggonan, wektu, lan swasana ing sajrone crita wayang. Papan
panggonan nerangake ing ngendi wae kedadean- kedadean ing crita kedaden. Wektu nerangake
kapan kedadean-kedadean ing crita kasebut
dumadine. Ewadene
swasana nerangake kaanan kang ana ing sajrone crita wayang kang dianggit dening pangripta.
e.
Alur/Plot
Alur uga bisa diarani dalane
crita. Unsur iki mujudake
reroncening kedadean
kang ana ing sajrone crita. Adhedhasar urutane
wektu, alur kaperang dadi telu, yaiku (1) alur maju, yaiku alur kang urutane
crita saka kedadean kang wis kepungkur maju ing kedadean saiki, (2) alur
mundur, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean
kang wis kepungkur, lan (3) alur campuran, yaiku alur kang urutane crita
gabungan antarane alur maju lan alur mundur.
f.
Sudut Pandang/Point of View
Sudut pandang
nuduhake carane pangripta nyritakake crita utawa
kepriye kalungguhane pangripta ing sajrone crita wayang sing diandharake. Sudut pandang kaperang
dadi loro, yaiku sudut pandang wong kapisan (utama purusa) lan wong
katelu (pratama purusa). Sudut pandang wong kapisan mujudake jejering pangripta
minangka paraga utama ing crita wayang, lumrahe nganggo tembung
"aku". Ewadene sudut pandang wong katelu mujudake kalungguhane pangripta minangka wong
katelu, tegese pangripta nggunakake tembung sesulih wong katelu, kayata dheweke utawa langsung nyebutake jenenge paraga.
g.
Pepeling/Amanat
V
BalasHapus