MATERI BHS. JAWA 9: 2. DRAMA TRADHISIONAL

 

DRAMA TRADHISONAL

 

A.     Tegese Drama

Yaiku sawijining olah seni sing dipentasake para paraga ing panggung sing isi crita kebak pitutur tumrap panguripan ing bebrayan.

 

B.     Jinise Drama Tradhisional Jawa

1.      Ludruk, moncer ing Jawa Timur sisih etan (saka Jomabng ngetan). Sumber critane bebas, nyritakake panguripan saben dina. Gamelan sing biasane digunakake kanggo ngiringi yaiku gamelan laras slendro.

2.      Kethoprak, moncer ing Jawa Tengah lan Yogyakarta. Sumber critane saka buku babad lan sejarah. Gamelan sing biasane digunakake kanggo ngiringi yaiku gamelan laras pelog.

3.      Wayang Wong, moncer ing Jawa Timur, Jawa Tengah lan Yogyakarta. Sumber critane saka crita Ramayana lan Mahabarata.

 

C.     Struktur Teks Drama Tradhisional


 Katrangan:

a.      Orientasi nuduhake perangan drama tradhisional ing kawitan crita. Ing perangan iki panulis nepungake (ngenalake) para paraga, panggonan, lan wayah ing sajrone drama tradhisional.

b.      Komplikasi yaiku perangan drama tradhisional kang nuduhake reruwet/prakara kang diadhepi dening paraga utama ing sajrone drama tradhisional. Reruwet ing drama tradhisional kawiwitan saka prakara cilik tumuju prakara gedhe kang lumrahe diarani klimaks.

c.         Resolusi yaiku perangan drama tradhisional kang mujudake cara kang ditindakake dening paraga kanggo ngudhari reruwet-reruwet kang diadhepi ing perangan komplikasi. Ing perangan iki reruwete prakara wiwit ana pangudhare.

 

D.     Unsur Intrinsik Drama

1.     Tema

Tema uga bisa diarani pokoke crita, yaiku lelandhesan utawa dhasare crita. Tema dadi undheraning crita kang minangka bakuning gagasan.

2.     Paraga

Paraga mujudake pawongan kang mragakake teks ing sajrone drama tradhisional.

3.     Pamaragan/Penokohan

Pamaragan nuduhake sipat/watak saben paraga kang mragakake teks drama tradhisional. Cara kang digunakake pangripta kanggo nggambarake watake paraga, kayata (1) katrangan langsung saka pangripta ing sajrone crita, (2) lumantar caturan antarparaga, (3) adhedhasar kelakuan, tindak-tanduk, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga, (4) adhedhasar pikiran, perasaan, lan pepenginan para paragane, lan (5) kanthi gegambaran fisik sing disandhang dening paraga. Jinise paraga adhedhasar watake kaperang dadi papat, kaya ing ngisor iki.

a.     Paraga protagonis

Paraga protagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak apik utawa becik.

b.     Paraga antagonis

Paraga antagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak ala utawa durjana.

c.     Paraga tritagonis

Paraga tritagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak panengah, ora mbela paraga protagonis utawa antagonis.

d.     Paraga figuran (pambiyantu)

Paraga figuran yaiku paraga kang sipate mbiyantu utawa kanthi ora langsung ana gandheng cenenge karo konflik ing sajrone crita cekak.

Ewadene adhedhasar kalungguhane, paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga utama lan paraga tambahan. Kepriye pambeda ing kalorone bisa kawaca ing ngisor iki.

a.      Paraga utama

Paraga utama yaiku paraga kang dianggep wigati, diutamakake gegambarane, ditampilake terus-terusan kang ngebaki crita.

b.      Paraga tambahan

Paraga tambahan yaiku paraga kang tampile mung pisan pindho kang kalungguhane ora akeh.

4.     Latar/Setting

Latar yaiku unsur intrinsik kang gegayutan karo papan panggonan, wektu, lan swasana ing sajrone drama tradhisional. Papan panggonan nerangake ing ngendi wae prastawa ing crita kasebut kedaden. Wektu nerangake kapan prastawa ing crita kasebut dumadine. Ewadene swasana nerangake kahanan kang ana ing sajrone drama tradhisional kang dianggit dening pangripta.

5.     Alur/Plot

Alur uga bisa diarani dalane crita. Unsur iki mujudake reroncening kedadean kang ana ing sajrone crita. Adhedhasar urutane wektu, alur kaperang dadi telu, yaiku (1) alur maju, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean kang wis kepungkur maju ing kedadean saiki, (2) alur mundur, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kepungkur, lan (3) alur campuran, yaiku alur kang urutane crita gabungan antarane alur maju lan alur mundur.

6.     Pepeling/Amanat

Pepeling mujudake pesen kang diandharake pangripta marang pamaos saka drama tradhisional kang dipentasake kasebut. Amanat iki awujud ajaran moral utawa pendhidhikan.

 

E.     Istilah-istilah sing ana Ing Drama

1.    Sutradara                   : wong sing ngatur lan mimpin lumakune drama.

2.    Asisten sutradara       : wong sing mbiyantu tugase sutradara.

3.    Prolog                         : tetembungan sing diucapake kanggo miwiti pagelaran drama.

4.    Epilog                         : tetembungan sing diucapake kanggo mungkasi pagelaran drama.

5.    Monolog                     : paraga drama nalika guneman ijen ing dhuwur panggung.

6.    Dialog                         : omong-omogane paraga drama.

7.    Audience                    : sebutan kanggo wong-wong sing nonton drama.

8.    Montase                     : iguh pratikel anggone nata pagelaran drama.

9.    Lighting                       : tata lampu njroning pagelaran drama.

10.  Konflik                        : pasulayane para paraga drama.

11.  Iprovisasi        : mobah mosike para paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondhisi.

12.  Mimik             : mobah mosike polatan para paraga drama nalika mainake xdrama.

13.  Skenario         : naskahe drama.

14.  Sinopsis          : ringkesan crita drama.

 

          

F.     Unsur Basa Drama Tradhisional

1.    Tembung Sesulih

Yaiku tembung sing digunakake minangka sesulih uatawa gantine wong, barang, uatawa apa wae sing dianggep barang.

Jinis-jinise tembung sesulih:

a.      Sesulih Purusa (kata ganti orang)

1)     Utama purusa (wong ka-1) : aku, kula, kawula, adalem.

2)     Madyama purusa (wong ka-2) : kowe, sampeyan, panjenengan.

3)     Pratama Purusa (wong ka-3) : dheweke, panjenenganipun, piyambakipun.

b.      Sesulih Pandarbe (kata ganti milik) : (-ku, -mu, -e, -ne,-ipun)

c.      Sesulih Panggandheng (kata ganti penhubung) : sing, kang, ingkang

d.      Sesulih panuduh (kata ganti penunjuk) : iki, iku, kae, kene, kunu, kana, punika

e.      Sesulih sadhengah (kata ganti tak tentu) : apa-apa, sapa-sapa, pira-pira, sapa wae

2.    Unggah-ungguh Basa

a.      Basa Ngoko

Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.

1)     Basa Ngoko Lugu

Basa ngoko lugu mujudake basa kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil, isih wutuh nggunakake tembung-tembung ngoko kabeh. Basa ngoko lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane raket banget, kayata pacelathon ing antarane sapepadhane,

(1)    pacelathon karo wong sing drajade luwih endhek/asor, lan

(2)    pacelathon wong tuwa marang bocah.

 

Tuladhane:

1)     Siti dikongkon simbah menyang pasar.

2)     Kowe sesuk mulih jam pira?

3)     Adhik tuku gula ing warung.

2)     Basa Ngoko Alus

Basa ngoko alus yaiku basa kang wis kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing dijak guneman. Tembung kang dikramakake yaiku (1) tembung kriya wong kang diajeni, (2) tembung sesulih purusa wong kang diajeni, lan (3) tembung pandarbe wong kang diajeni. Panganggone basa ngoko alus ing pasrawungan, yaiku:

1)     Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.

2)     Wong enom marang wong luwih tuwa sing wis raket.

3)     Ngajeni wong sing digunem.


Tuladhane:

1)     Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar.

2)     Bapak tindak menyang Malang nitih sepur

3)     Dhek wingi Rini didukani ibune jalaran mulihe telat.

 

2.      Basa Krama

Basa krama kaperang dadi loro, yaiku krama lugu lan krama alus.

1)     Krama Lugu

Krama lugu mujudake basa krama kang tembung-tembunge lugu lan ora kena kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing dijak guneman. Panganggone katujokake kanggo wong sadrajad sing durung raket.

Tuladhane:

1)     Siti dipunkengken simbah dhateng peken.

2)     Sampeyan benjing wangsul jam pinten?

3)     Griya sampeyan pundi?

4)     Kula nembe nedha.

2)     Krama Alus (Krama Inggil)

Krama alus yaiku basa kang tembung-tembunge alus tumrap wong sing dijak guneman. Kaya dene basa ngoko andhap, sing nganggo tembung krama inggil yaiku tembung sesulih purusa, tembung kriya (panindake), lan barang kaluwihane. Yen tumrap awake dhewe ora kena nganggo tembung krama inggil (ora kena ngramakake awake dhewe), kepara yen ana kudu nganggo tembung krama andhap. Tembung krama inggil sing digunakake iku tujuwane kanggo ngurmati wong sing diajak guneman. Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing pancen kudu dihurmati.

Tuladhane:

1)     Punapa Rini sampun panjenengan pundhutaken obat?

2)     Bapak badhe tindak dhateng Jakarta.

3)     Siti dipunutus simbah dhateng peken.

4)     Panjenengan benjing kondur jam pinten?

 

G.    Nulis Skenario Teks Drama

1.    Nemtokake tema kang bakal diwedhar ing sajrone drama tradhisional.

2.    Nemtokake paraga lan watake.

3.    Nemtokake setting lan alur drama kang bakal diwedhar.

4.    Gawe pacelathon lan naratif (gegambaran kang nuduhake solah bawa kang ditindakake dening paraga) adhedhasar tema kang wis ditemtokake.

5.    Nliti tata tulise pacelathon lan naratif kang digunakake sarta panganggone basa.

 

H.     Mragakake Drama

Sing kudu ditindakake sadurunge mragakake drama yaiku:

1.    Maca naskah drama kanthi mangerteni isine

2.    Ngerteni wateke para paraga drama jumbuh karo naskah sing arep dipragakake

3.    Nyiapake papan panggonan

4.    Milih lan nemtokake paraga

5.    Akting

6.    Bloking

7.    Tata artistik

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG

MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)

MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI