MATERI BHS. JAWA 8: 2. BASA RINENGGA

 

BASA RINENGGA

 

A.     TEGESE

Yaiku basa kang diapaesi kanthi eketan kang apik lan runtut supaya dadi luwih apik, alus, endah, lan ngresepake.

Basa rinengga aring digunakake ing:

1.      Kasusastraan, kayata: tembang macapat, geguritan, cerkak, crita rakyat.

2.      Pambyawara (penyiaran), kayata: pranatacara, medharsabda, antawacana ing upacara adat.

3.      Pagelaran,kayata: ludruk, kethoprak, wayang kulit, wayang wong,lsp.

 

B.     TULADHA TEKS SING MIGUNAKAKE BASA RINENGGA

Teks Basa Rinengga kang Tinemu ing Panyandra Sungkeman

Ingkang pinindha raja saari sampun jengkar saking dhampar arsa lumarap ngabyantara para pinisepuh. Boten kasupen penganten putri gya kakanthi dening penganten kakung esthining manah among sumedya anguswa pepadaning ingkang eyang, rama, miwah ingkang ibu. Pengantin sarimbit sigra tumungkul amarikelu, tangkeping asta sumembah ing jengku kanan. Ing batos among nyenyandhang rumentahing sih saking eyang saha rama ibu, saha nyuwun tambahing pangestu anggenira badhe manung brayat, netepi jejering agesang, sageda tulus mulya manggih raharja.

Dupi inguswa pepadane rama ibu dening ingkang putra kakalih sumedhot rasaning galih, ngantos boten saged mbabar pangandikan. Kanthi kebak rasa tresna lan asih ing putra ingelus- elus pamidhangane, ingusap-usap rikmane, minangka prantandha bilih tiyang sepuh kekalih sampun kasdu paring pangastawa miwah donga puji rahayu amrih gesangipun ingkang putra kakalih tansah pikantuk berkah, rahmah, sarta hidayah saking Gusti Ingkang Maha Mirah.

 

C.     CARANE NGRAKIT BASA RINENGGA

1.     Nggunakake undha-usuk basa sing baku, jangkep, lan lumrahe ing basa krama.

Tuladhane saka teks panyandra sungkeman ing perangan sadurunge kayata "Kanthi kebak rasa tresna lan asih ing putra ingelus-elus pamidhangane, ingusap-usap rikmane, minangka prantandha bilih tiyang sepuh kekalih sampun kasdu paring pangastawa miwah donga puji rahayu amrih gesangipun ingkang putra kakalih tansah pikantuk berkah, rahmah, sarta hidayah saking Gusti Ingkang Maha Mirah". Ukara iki tegese "Kanthi kebak rasa tresna lan asih ing putra angelus-elus pundhake, angusap-usap rambute, minangka pratandha yen ta wong tuwa sakloron wis gelem par- ing pangestu sarta donga puji rahayu amrih uripe putra sakloron tansah oleh berkah, rahmah, sarta hidayah saka Gusti Kang Maha Mirah".

2.      Sarana dikandhakake utawa ditulis nganggo ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bregas.

Tuladhane kang bisa ditemokake ing sajrone teks panyandra sungkeman kayata "arsa lumarap ngabyantara" kang tegese arep tumuju lan "sumedhot rasaning galih" kang nduweni teges trenyuh.

3.      Nggunakake tembung kawi.

Panganggone tembung kawi ing teks panyandra sungkeman ing perangan sadurunge bisa kadulu ing ukara "Panganten sarimbit sigra tumungkul amarikelu" kang tegese penganten sakloron banjur lungguh tumungkul kanthi kurmat lan sapanunggalane.

4.      Nggunakake tembung saroja, tembung entar, wangsalan, seselan, purwakanthi, pepindhan, paribasan, bebasan, saloka, lan sanepa.

a.      Tembung Saroja

Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha utawa meh padha tegese dinggo bebarengan. Tuladhane kayata "Kanthi kebak rasa tresna asih ing putra ingelus- elus pamidhangane" lan "Tiyang sepuh kekalih sampun kasdu paring pangastawa miwah donga puji rahayu".

b.      Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung kang ora kena ditegesi sawantahe wae. Tuladhane kayata landhep pikire kang tegese pinter banget, padhang langite kang tegese katon seneng, lan sapanunggalane.

c.      Wangsalan

Wangsalan tegese unen-unen kang awujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangane mung nyrempet wae. Nanging uga ana kang ora dikantheni batangane. Tuladhane "Sekar aren, sampun dangu-dangu" (sekar aren: dangu), "Jenang gula lo, aja lali" (jenang gula: glali), lan sapanunggalane.

d.      Seselan

Seselan yaiku tembung lingga kang wuwuhane manggon ing tengah. Tuladha kang bisa ditemokake saka teks panyandra sungkeman ing perangan ngarep kayata pinindha (-in- + pindha), sumedya (-um- + sedya), lan sapanunggalane.

e.      Purwakanthi

Purwakanti yaiku nggandheng kang wis kasebut ana ing purwa utawa kawitane. Purwakanti kaperang dadi telu, kaya ing ngisor iki.

1)     Purwakanthi guru swara

Purwakanthi iki awewaton utawa paugeran swara. Tuladhane jengkar saking dhampar, sageda tulus mulya manggih raharja, lan sapanunggalane.

2)     Purwakanthi guru sastra

Purwakanthi guru sastra awewaton utawa paugeran sastra/aksara. Tuladhane penganten sarimbit sigra, sampun kasdu paring pangastawa, lan sapanunggalane.

3)     Purwakanthi guru basa/lumaksita

Purwakanthi iki awewaton utawa paugeran wanda lan tembung. Tuladhane panganten putri gya kakanthi panganten kakung lan sapanunggalane.

f.       Pepindhan

Pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, emper- emperan. Dhapuking ukara bisa nganggo tembung kaya, pindha, lir, kadya, pan, yayah, lan sapanunggalane. Tuladhane kaya ta "Bocah loro kuwi akur banget kaya mimi lan mintuna", "Rejekine wong iku kadya banyu mili", lan sapanunggalane.

g.      Paribasan

Paribasan tegese unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladhane "Becik ketitik ala ketara" kang ateges tumindak becik lan ala bakal ketara ing tembe buri, "Adigang, adigung, adiguna" kang tegese ngendel-ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane, lan sapanunggalane.

h.      Bebasan

Bebasan tegese unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanane utawa sesipatane wong (barang). Tuladhane bebasan "Kerot ora duwe untu" kang ateges duwe kekarepan nanging ora duwe ragad, "Nututi layangan pedhot" tegese ngupaya barang sepele sing wis ilang, lan sapanunggalane.

i.       Saloka

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake wonge. Tuladhane "Cebol nggayuh lintang" kang tegese kekarepan kang mokal bakal kelakon, "Iwak lumebu ing wuwu" tegese kena apus sarana gampang banget, lan sapanunggalane.

j.       Sanepa

Sanepa yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan, kang kadhapuk saka tembung kaanan sinambung karo tembung aran. Tuladhane kaya ta "Kembar ing busana", "Eseme pait madu", lan sapanunggalane.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG

MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)

MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI