MATERI BHS. JAWA 7: 2. TEKS PROFIL TOKOH
TEKS PROFIL TOKOH
A. Tegese
Teks
profil tokoh uga diarani teks biografi, yaiku sawijining teks sing isine
nyritakake uatawa nggambarake sawijining paraga lan prastawa apa wae kang
dialami dening paraga.
B. Struktur/
Tata rakite Teks Profil Tokoh
Katrangan:
a.Orientasi
yaiku yaiku bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng,
papan kelairan, lan kulawargane.
b. Prastawa
yaiku bagean sing ngandharake kahanan, prastawa, masalah sing tau dialami
nanging sing menjila lan duwe kesan mirunggan kang bisa didadekake tepa-tuladha.
c. Reorientasi yaiku bagean panutup lan ngandharake pandhangan lan pamawase panulis marang tokoh sing dicritakake.
C. Unsur
Basa Teks Profil Tokoh
Unggah-ungguh basa Jawa:
1. Basa Ngoko
Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko
alus.
a.
Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu mujudake basa kang ora
kecampuran tembung-tembung krama inggil, isih wutuh nggunakake tembung-tembung ngoko
kabeh. Basa ngoko
lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane raket
banget, kayata pacelathon ing antarane sapepadhane,
(1)
pacelathon karo wong sing drajade luwih endhek/asor, lan
(2) pacelathon wong tuwa marang bocah.
Tuladhane:
1)
Siti dikongkon simbah menyang
pasar.
2)
Kowe sesuk mulih jam pira?
3)
Adhik tuku gula ing warung.
b.
Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus yaiku basa kang wis
kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing dijak guneman. Tembung kang dikramakake yaiku (1) tembung kriya wong kang diajeni,
(2) tembung sesulih purusa wong kang diajeni, lan (3) tembung
pandarbe wong kang
diajeni. Panganggone basa ngoko alus
ing pasrawungan, yaiku:
1)
Wong tuwa marang
wong enom kang perlu diajeni.
2)
Wong enom marang wong
luwih tuwa sing wis raket.
3) Ngajeni wong sing digunem.
Tuladhane:
1)
Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar.
2)
Bapak tindak menyang Malang nitih sepur
3)
Dhek wingi Rini didukani ibune jalaran mulihe telat.
2. Basa Krama
Basa krama kaperang dadi loro, yaiku krama lugu lan krama alus.
a.
Krama Lugu
Krama lugu mujudake basa krama kang tembung-tembunge lugu
lan ora kena kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing dijak
guneman. Panganggone katujokake kanggo wong sadrajad sing durung raket.
Tuladhane:
1)
Siti dipunkengken simbah dhateng peken.
2)
Sampeyan benjing wangsul jam pinten?
3)
Griya sampeyan pundi?
4)
Kula nembe nedha.
b.
Krama Alus (Krama Inggil)
Krama alus yaiku basa kang
tembung-tembunge alus tumrap wong sing dijak guneman. Kaya
dene basa ngoko
andhap, sing nganggo
tembung krama inggil yaiku tembung sesulih purusa, tembung
kriya (panindake), lan barang kaluwihane. Yen
tumrap awake dhewe ora kena nganggo
tembung krama inggil (ora kena
ngramakake awake dhewe),
kepara yen ana kudu nganggo tembung krama andhap. Tembung krama inggil sing digunakake iku tujuwane kanggo ngurmati wong sing diajak guneman.
Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing pancen
kudu dihurmati.
Tuladhane:
1)
Punapa Rini sampun panjenengan pundhutaken obat?
2)
Bapak badhe tindak dhateng
Jakarta.
3)
Siti dipunutus simbah dhateng
peken.
4)
Panjenengan benjing kondur jam pinten?
Komentar
Posting Komentar