MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 : 1. CERKAK

CRITA CEKAK

1.     Titikane Teks Crita Cekak

Crita cekak yaiku crita gancaran kang ngandharake sarining kadadean saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak wae. Crita cekak uga nyritakake gegambaraning urip bebrayan kang ngandhut piwulang, piweling, lan pasemon (kritik).

 

Titikane crita cekak kaya kang kasebut ing ngisor iki.

a.     Awujud gancaran.

b.     Critane ora dawa (critane langsung tamat).

c.     Isine padhet.

d.     Ukarane ringkes.

e.     Basane mentes tur gampang dierteni.

f.      Isine ngenani panguripan saben dina ing bebrayan.

g.     Dawane crita kurang luwih 1-5 kaca (halaman).

h.     Kawangun saka saperangan unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik.

 

2.     Struktur/ Tata Rakite Crita Cekak

a.         Orientasi nuduhake perangan crita cekak ing kawitan crita. Ing perangan iki panulis nepungake (ngenalake) para paraga, panggonan, lan wayah ing sajrone crita cekak.

b.         Komplikasi yaiku perangan crita cekak kang nuduhake reruwet/prakara kang diadhepi dening paraga utama ing sajrone crita cekak. Reruwet ing crita cekak kawiwitan saka prakara cilik tumuju prakara gedhe kang lumrahe diarani klimaks.

c.         Resolusi yaiku perangan crita cekak kang mujudake cara kang ditindakake dening paraga kanggo ngudhari reruwet-reruwet kang diadhepi ing perangan komplikasi. Ing perangan iki reruwete prakara wiwit ana pangudhare.

 

Salah sawijine titikan crita cekak kasebut yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik. Unsur intrinsik mujudake unsur kang mangun crita cekak saka jerone crita, dene unsur ekstrinsik unsur kang mangun crita cekak saka jabane crita. Ing perangan iki bakal kaandharake wujude unsur intrinsik. Unsur intrinsik crita cekak bisa kadulu ing ngisor iki:

a.     Tema

Tema uga bisa diarani pokoke crita, yaiku lelandhesan utawa dhasare crita. Tema dadi undheraning crita kang minangka bakuning gagasan.

b.     Paraga

Paraga mujudake pawongan kang dicritakake ing sajrone crita cekak.

c.     Pamaragan/Penokohan

Pamaragan nuduhake sipat/watak saka paraga kang dicritakake ing crita cekak. Cara kang digunakake pangripta kanggo nggambarake watake paraga, kayata (1) katrangan langsung saka pangripta ing sajrone crita, (2) lumantar caturan antarparaga, (3) adhedhasar kelakuan, tindak-tanduk, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga, (4) adhedhasar pikiran, perasaan, lan pepinginan para paragane, lan (5) kanthi gegambaran fisik sing disandhang dening paraga. Jinise paraga adhedhasar watake kaperang dadi papat, kaya ing ngisor iki:

1)     Paraga protagonis

Paraga protagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak apik utawa becik.

2)     Paraga antagonis

Paraga antagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak ala utawa durjana.

3)     Paraga tritagonis

Paraga tritagonis yaiku paraga kang dicritakake nduweni watak panengah, ora mbela paraga protagonis utawa antagonis.

4)     Paraga figuran (pambiyantu)

Paraga figuran yaiku paraga kang sipate panyengkuyung utawa kanthi ora langsung ana gandheng cenenge karo konflik ing sajrone crita cekak.

d.     Latar/Setting

Latar yaiku unsur intrinsik kang gegayutan karo papan panggonan, wektu, lan swasana ing sajrone crita cekak. Papan panggonan nerangake ing ngendi wae kedadean- kedadean ing crita kedaden. Wektu nerangake kapan kedadean-kedadean ing crita kasebut dumadine. Ewadene swasana nerangake kaanan kang ana ing sajrone crita cekak kang dianggit dening pangripta.

e.     Alur/Plot

Alur uga bisa diarani dalane crita. Unsur iki mujudake reroncening kedadean kang ana ing sajrone crita. Adhedhasar urutane wektu, alur kaperang dadi telu, yaiku (1) alur maju, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean kang wis kepungkur maju ing kedadean saiki, (2) alur mundur, yaiku alur kang urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kepungkur, lan (3) alur campuran, yaiku alur kang urutane crita gabungan antarane alur maju lan alur mundur.

f.      Sudut Pandang/Point of View

Sudut pandang nuduhake carane pangripta nyritakake crita utawa kepriye kalungguhane pangripta ing sajrone crita cekak sing diandharake. Sudut pandang kaperang dadi loro, yaiku sudut pandang wong kapisan (utama purusa) lan wong katelu (pratama purusa). Sudut pandang wong kapisan mujudake jejering pangripta minangka paraga utama ing crita cekak, lumrahe nganggo tembung "aku". Ewadene sudut pandang wong katelu mujudake kalungguhane pangripta minangka wong katelu, tegese pangripta nggunakake tembung sesulih wong katelu, kayata dheweke utawa langsung nyebutake jenenge paraga.

g.     Pepeling/Amanat

Pepeling mujudake pesen kang diandharake pangripta marang pamaos saka crita cekak kang diandharake. Amanat iki awujud ajaran moral utawa pendhidhikan.

 

3.     Jinis-jinise Crita Cekak

Andharan sadurunge wis nyethakake yen crita cekak mono wujude gancaran kang nyritakake gegambarane panguripan saben dina ing masyarakat. Ing jagade kasusastran, crita cekak kaperang dadi telu. Apa wae jinise crita cekak kasebut, wacanen andharan ing ngisor iki.

a.     Crita Cekak Sejati

Crita cekak jinis iki ngandharake prakara-prakara kang kerep diprangguli ing masyarakat. Crita kang diangkat kayata prakara kulawarga, sosial ing masyarakat, lan sapanunggalane.

b.     Crita Cekak Roman Sacuwil

Crita cekak roman sacuwil nyritakake babagan asmara. Ing kene lumrahe kang dadi paragane, yaiku para rumaja utawa nom-noman. Crita kang diandharake dening pangripta bisa awujud kasmaran/wuyung, cidra, lara ati, lan sapanunggalane.

c.     Crita Cekak Alaming Lelembut

    Crita cekak alaming lelembut uga lumrah diarani crita misteri, kang paragane bangsane lelembut, kayata dhemit, setan, gendruwo, lan sapanunggalane. Bangsane lelembut iku isih kenthel banget karo panguripane masyarakat Jawa. Mula, lumrah yen crita jinis iki kalebu jinise crita cekak kang dadi salah sawijine asiling jagad cipta ripta.


4.     Unsur Basa Crita Cekak

a.     Ukara Langsung

Yaiku ukara sing jejere sing ngomong, utawa wong kapisan/utama purusa sing ngomong.

Tuladha:

Ø  “ Kula pendhetaken napa Bu?” ujare Budi.

Ø  “Wah..! Njur ora sida gladhen iki..!” pambengoke sebagian bocah bebarengan.

b.     Ukara Ora Langsung

Yaiku ukara sing ngomong/nyritakake wong katelu.

Tuladha:

Ø  Pak Darso ngendika, yen Pak Darso selak tindak menyang rumah sakit.

Ø  Budi matur marang Ani, yen Budi wae sing mundhutke tase Bu Ani.

c. Unggah-Ungguh Basa

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG

MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)

MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI