Materi Basa Jawa Kls 7 : 1. TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

 

1.         TEGESE TEKS TANGGAPAN DHEKRIPTIF

Yaiku Teks sing isine nggambarake objek kanthi gamblang lan rinci.

 

2.         TITIKAN/ CIRI TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

Ø Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya.

Ø Ancase supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing digambarake.

Ø Titikane obyek diadharake kanthi gamblang lan terang trawaca.

 

3.         STRUKTUR TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF


 

Katrangan:

Ø  Identifikasi nuduhake ciri, barang, tandha, lan sapanunggalane.

Ø  Klasifikasi/definisi medharake kelompok utawa panerang lan sapanunggalane.

ØDeskripsi bagian nuduhake babagan gegambaran ing sajrone teks.


1.         UNSUR BASA ING TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF

a.    Swara Jejeg lan Swara Miring

Swara Jejeg yaiku swara sing durung owah saka pangucapan asale.

Swara miring yaiku swara sing wis owah saka pangucapan asale.

Tuladhane:

Swara (vokal)

Jejeg

Miring

 

a

widada

dumadi

tumata

palupi

lara

dadi

 

i

wadi

manis

wirama

guling

gati

jarit

 

u

lunga

sarung

madu

marmut

palupi

alus

 

e

sate

golek

wedang

mewek

suwe

kopen

e pepet

sega, sepet, lega, lepet, merem, lan sapanunggalane

 

o

soto

bolong

loro

dados

obat

Klobot

 

b.    Tembung Lingga

Tembung lingga yaiku sakabehane tembung kang durung owah saka asale. Tuladha: kali, tuku, dom, susuk, meja, gelar, sapu, lan sapanunggalane.


c.    Tembung Andhahan

Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale utawa tembung kang wis owah saka linggane. Ngowahi utawa ndhapuk tembung lingga dadi tembung andhahan iku diarani ngrimbag. Dene pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi cara 3 warna, kaya kang kaandharake ing ngisor iki.


1)    Karana Kawuwuhan

Wuwuhan ing basa Jawa kaperang dadi 3, yaiku ater-ater, seselan, lan panambang.

a)     Ater-ater

Ater-ater yaiku wuwuhan kang manggon ing sangarepe tembung lingga. Wujude ater-ater bisa digolongake dadi 5 (limang) warna bisa kadulu ing ngisor iki.

1.         Ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-)

Ater-ater anuswara digunakake kanggo ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanduk.

Tuladha : m + pacul = macul

                n + tulis = nulis

                ng + goreng = nggoreng

                ny + sunggi = nyunggi

2.   Ater-ater tripurusa (dak-, kok-, di-)

Ater-ater tripurusa digunakake kanggo ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanggap.

Tuladha : dak + silih = daksilih

                kok + gawa = kokgawa

                di + tuku = dituku

3.         Ater-ater sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-

Tuladha : sa + piring = sapiring

                pa + karya = pakarya

                pi + wulang = piwulang

                pra + tandha = pratandha

                tar + buku = tarbuka

                ka + waca = kawaca

4.   Ater-ater kuma, kami, kapi

    Ater-ater iki digunakake kanggo ngrimbag tembung lingga dadi tembung kahanan.

Tuladha : kuma + wani = kumawani

                kami + tuwa = kamituwa

                kapi + lare = kapilare

5.    Ater-ater a- lan ma-

    Ater-ater a- lan ma- digunakake kanggo ngrimbag tembung lingga dadi tembung pepaesan utawa tembung ing basa endah (sastra).

Tuladha : a + klambi   = aklambi

ma + guru   = maguru 

b)    Seselan

Seselan yaiku wuwuhan kang manggon ing satengahing tembung. Nanging yen wiwitane tembung lingga arupa aksara urip (vokal), seselan manggon ing sangarepe tembung lingga. Seselan wujude ana 4, yaiku -um-, -in-, -er-, lan -el- 

Tuladha : -um- + gelar = gumelar

            -in- + tulung        = tinulung

            -er- + kelip         = kerelip

            -el- + kumbruk = kelumbruk

c)    Panambang

     Panambang yaiku wuwuhan kang manggon ing samburine tembung. Wujude panambang yaiku -a, -i-, -e, -en, -an, -ana, -ake, -ne, -na, -ku, -mu.

        Tuladha : turu + a            = turua

                    usap + i              = usapi

                    simbah + e         = simbahe

                    cekel + en          = cekelen

                    lungguh + an      = lungguhan

                    timbal + ana       = timbalana

                    kirim + ake        = kirimake

                    gulu + ne            = gulune

                    tutup + na           = tutupna

                    ibu + ku              = ibuku

                    meja + mu         = mejamu

2)       Karana Karangkep

        Ngrangkep (mengulang) tegese ngucapake ambal kaping loro tembung linggane utawa perangan tembung linggane. Wujude tembung rangkep ana telu.

        a)    Tembung rangkep dwipurwa

             Dwipurwa yaiku tembung kang dirangkep wanda wiwitane (purwane).

              Tuladha tuku  à tetuku

              Lunga à lelunga

             Resik à reresik

b)    Tembung rangkep dwilingga

    Dwilingga yaiku tembung kang dirangkep linggane. Dwilingga kaperang dadi loro yaiku:

1. Dwilingga wutuh/bares, yaiku tembung lingga kang diunekake kaping pindho.

Tuladha :cilik à cilik-cilik

Bocah à bocah-bocah

Nakal à nakal-nakal

2. Dwilingga salin swara, yaiku tembung lingga kang diunekake kaping pindho nanging ana wandane kang owah swarane.

Tuladha : bali à bola-bali

Takon à tokan-takon

Celuk à celak-celuk

c)    Tembung rangkep dwiwasana

Dwiwasana yaiku tembung kang dirangkep wanda pungkasane (wasanane).

Tuladha : bekur à bekuk

Cengis à cengingis

Jegog à jegogog

3) Karana Kacambor

Kacambor tegese digandheng dadi siji. Mula tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji lan ngemu teges anyar. Wujude tembung camboran ana loro sing bisa didulu ing ngisor iki.

a)     Camboran wutuh

Camboran wutuh tegese tembung sing dicambor awujud tembung wutuh.

Tuladha : naga + sari = nagasari

mara+ tuwa = maratuwa

guyup + rukun = guyup rukun

b) Camboran wacaha/ tugel

Camboran wacahan/tugel tegese tembung sing dicambor salah siji utawa kabeh (loro karone) awujud wancahan. Camboran wancahan kaperang dadi loro.

1.    Wancahan sesisih utawa salah sijine wanda disuda.

Tuladha : adol-tinuku àdol-tinuku

ilir-ilir à lir-ilir

anak-sanak à nak-sanak

2. Wancahan kabeh utawa kabeh wandane disuda.

Tuladha : bapak gedhe à pakdhe

bang ijo à bangjo

legi panas kenthel à ginasthel

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BASA JAWA 7: 3. TEKS CRITA WAYANG

MATERI BASA JAWA KELAS 9 : 3. PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA ( PIDHATO)

MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI