MATERI BHS. JAWA 9: 2. DRAMA TRADHISIONAL
DRAMA TRADHISONAL A. Tegese Drama Yaiku sawijining olah seni sing dipentasake para paraga ing panggung sing isi crita kebak pitutur tumrap panguripan ing bebrayan. B. Jinise Drama Tradhisional Jawa 1. Ludruk, moncer ing Jawa Timur sisih etan (saka Jomabng ngetan). Sumber critane bebas, nyritakake panguripan saben dina. Gamelan sing biasane digunakake kanggo ngiringi yaiku gamelan laras slendro. 2. Kethoprak, moncer ing Jawa Tengah lan Yogyakarta. Sumber critane saka buku babad lan sejarah. Gamelan sing biasane digunakake kanggo ngiringi yaiku gamelan laras pelog. 3. Wayang Wong, moncer ing Jawa Timur, Jawa Tengah lan Yogyakarta. Sumber critane saka crita Ramayana lan Mahabarata. C. Struktur Teks Drama Tradhisional Katrangan: a. ...