MATERI BHS. JAWA KLS 7: 4. TEMBANG KREASI
TEMBANG KREASI 1. TEGESE Tembang kreasi nuduhake salah sawijine karya sastra kang awujud geguritan. Ing kasusastran Jawa tradhisional, tembang iku mung kaperang dadi tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Nanging ing pangrembakane jaman, tembang tradhisional kasebut di kreasi tanpa paugeran-paugeran kayadene ing tembang tradhisional. Wujude tebang kreasi ana loro, yaiku tembag campur sari lan tembang dolanan. 2. TATA WANGUNE TEMBANG KREASI a. Titi Laras Titi laras yen ana ing istilah seni musik saemper karo tangga nada . Asale saka tembung titi kang ateges angka, tulis, notasi, utawa lambang lan l aras tegese susunan nada. Dadi titi laras iku notasi tulis, huruf, angka utawa lambang kang nuduhake laras tartamtu. Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro, yaiku: 1) Laras slendro ‟Slendro‟ iku salah sijine lara...